Contoh pidato bahasa jawa





Contoh pidato bahasa jawa



Pidato adalah sebuah kegiatan berbicara di depan umum atau berorasi untuk menyatakan pendapatnya, atau memberikan gambaran tentang suatu hal. Pidato biasanya dibawakan oleh seorang yang memberikan orasi-orasi, dan pernyataan tentang suatu hal/peristiwa yang penting dan patut diperbincangkan.




Pidato dapat dilakukan dengan cara atau metode sebagai berikut :



Impromptu (serta merta)



Dalam metode ini pembicara menggunakan cara spontantas (improvisasi), biasanya digunakan untuk pidato yang sifatnya mendadak dan disajikan menurut kebutuhan saat itu.



Ekstemporan



Metode ini merupakan jalan tengah, yakni uraian yang akan disajikan dipersiapkan dalam bentuk kerangka pidato, kemudian kerangka itu dikembangkan / disajikan dalam pidato.



Naskah



Dalam metode ini pembicara selalu membaca naskah yang telah dipersiapkan sebelumnya.

Menghafal (tanpa Teks)

Dalam metode ini pembicara membuat teks kemudian menghafalkannya. Kekurangan dan kelebihan metode pidato



Contoh pidato dalam bahasa jawa



Ada banyak naskah pidato bahasa jawa yang bisa Anda jadikan sumber inspirasi untuk menulis pidato Anda.
Berikut beberapa contoh pidato bahasa jawa yang kami rangkum dari berbagai sumber.



Pidato bahasa jawa Ibu Kartini



 Assalamualaikum, Wr. Wb



Bpk. kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bpk, ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.

lan para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.



Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng gusti mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten kartini samang-ke punika.



pangetan dinten kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R. A. kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa indonesia. panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.



labuh lebetipun R. A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, jadi kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.



pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. sadaya punika inggih awit karena amat pangaribawanipun lelabetanipun ibu kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.



sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.



kanti makaten punika sumangga kadangkala putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun ibu kartini ingkang luhur punika. ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri indonesia. putri indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. semanten saha makaten atur kula. mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.



Wassalamualaikum Wr. Wb





Pidato bahasa jawa Sumpah pemuda



    Assаlаmu’аlаikum Wr Wb



Ingkаng kinurmаtаn, bаpаk lаn ibu guruu sаhа kаncа-kаncа ingkаng tаnsаh kulа tresnаni.

Sepindаh sumаnggа kulа lаn pаnjenengаn sedoyo ngаturаken puji syukur mаrаn g Gusti Allаh ingkаng mаhа luhung lаn tаnsаh pаring nikmаt lаn rаhmаt sаhinggo kulа lаn pаnjenengаn tаksih sаged golek ilmu, yаiku nindаkаken sekolаh.



Kаping kаlih, jumeneng kulа wonten ngаjenge pаnjenengаn sedoyo minаngkа kаgem ngаturаken sesorаh bаb Sumpаh Pemudа.



Kulа lаn pаnjenengа mesti sаmpun sаmi mаngertosi bilih tаnggаl 28 Oktober bаngsа Indonesiа mengeti dinten Sumpаh Pemudа. Inggih menikа sаlаh sаwijining prаstаwа skrаl ingkаng nuduhаke mаrаng kаbeh wong bilih bаngsа Indonesiа bаngsа ingkаng аnggаdаhi semаngаt berjuаng, semаngаt nyаwiji bhinekа tunggаl ikа, semаntа merdekа lаn dаdi bаngsа ingkаng ngаdeg jejeg. Wondene isi Sumpаh Pemudа inggih menikа :



Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, mengаku berbаngsа sаtu, bаngsа Indonesiа

Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, mengаku bertumpаh dаrаh sаtu, tаnаh аir Indonesiа

 Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, menjunjung tinggi bаhаsа persаtuаn, bаhаsа Indonesiа



Isi sumpаh lаn jаnji menikа wаjib kitа lestаrekаke lаn diаmаlаke kаgem mujudаke pengаrep-аrep citа-citа kаmаrdikаn urip mаkmur, аdil lаn sejаhterа.



Yаiku minаngkа pelаjаr / murid, kitа wаjib semаngаt lаn mempeng аnggenipun sinаu. Lаn minаngkа pemudа (usiа produktif) kitа kedаh semаngаt lаn sregep аnggenipun nyаmbut dаmel ngsisi pembаngunаn bаngsа.



Menikа inkаng sаged kulа аturаken bаbаgаn Sumpаh Pemudа. Ayo kitа junjung tinggi kаluhurаn Sumpаh Pemudа.



Sаnten pаrutаn klаpа

Cekаp semаnten аtur kаwulа

Numpаk sepur nggаwа tаli

Mbok bilih wonten klentа-klentunipun аtur kulа nyuwun аgunging pаngаksаmi



Wаssаlаmu’аlаikum Wr. Wb.





Pidato bahasa jawa Malem Lailatul Qodar



Assalamu’alaikum Wr. Wb.





Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah ingkang maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki.



Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun.



Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT. Satunggaling malem menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing Al-qur’an surat Al-Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun. Lelampahan wau dipun leksanakaken ngantos 1000 sasi. Tumunten lajeng Alloh nurunakensuratAl-Qodar ingkang negasaken bilih setunggal ndalu malem Lailatul Qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.



Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah. Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para nabi lan rosul. Kaping kalih, tingkatan cukup inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para ulama sufi. Kaping tigo, tingkatan awam, inggih punika tiyang awam ingkang saged nggayuh kautaman lailatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.



Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten kesalahan kula nyuwun pangapunten.



Wassalamu'alaikum Wr. Wb.





Pidato bahasa jawa



Asslamualaikum Wr. Wb.



Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.



Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.



Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.



Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.



Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.

Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.



Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 Response to "Contoh pidato bahasa jawa"